× Daftar Sekarang
× Hubungi Kami
Daarul Hidayah
Jumat, 22 Mei 2026
Selamat Datang di Website Kami, Daarul Hidayah Islamic School

WASIATé BUYA SONI

WASIATé BUYA SONI
Admin 07 September 2021 08:24 126 View Umum

WASIATé BUYA SONI

WASIATé BUYA SONI يارب صل على الرسول # محمد سر العلا والانبياء والمرسلين # الغر ختما اولا يارب نور قلبنا # بنور قرآن جلا وافتح لنا بدرس او # قرأة ترتلا وارزق بفهم الانبيا # لنا واي من تلا ثبت به ايماننا # دنيا واخرٰى كاملا Wasiaté Buya Soni Maring kita para Santri Enjing, sontên, ugi dalu Ampun supé podo ngaji Kang mas santri ngagêm sarung, Lêngên dowo ugi péci Santri putri ngagêm légging, Klambi longgar kudung rapi Adêm ayêm guyub rukun Kêdah suméh lan nggêmati Ojo nganti iri hati Nyêpélékkè lan kêmaki Maring tiyang sêpah kalih Ampun wani kudu bêkti Nyucup tangan ampun lali Ngagêm irung ampun pipi Nêtêpi dawuh guruné Husnudzon lan noto ati Ajarané ditaati Larangané diadohi Ahlussunnah digondéli Poro habib lan kyai Mbélo bongso lan agami Nasionalis NKRI Aqidah.é Al Asy'ari Madzhab fiqih Asy Syafi'i Imam Junaid Al Baghdadi Al Ghazali guru sufi Ndonyané disinaoni Mugi sagêt manfaati Nyambut damêl kang sêtiti Sangu dakwah sangu rabi Ndamêl bungah Kanjêng Nabi Sholawat ing rino wêngi Ayo kabéh poro santri Niat ngilmu ugi ngabdi Kathah maos Simtudurror Burdah Diba alBarzanjiy Mboten udud mboten joget Mboten campur jaler estri Lakonono kabéh kui Mugi angsal ridho Gusti Agêng alit kakung putri Mugi mlêbêt ing suwargi Mugi Allah ngijabahi Kempal sarêng Buya Soni Bêjo donya akhiraté Nopo ingkang dén suwuni Menuju 100 Hari wafatnya Abuya KH. Soni Parsono Allâhu yataghossyâhu bi jamî'ir rohmah wal maghfiroh wa yanfa'unâ bihi fid dâroini. Âmîn. BuyaSoni Media 📽️ FB, Youtube : Buya Soni IG : @buyasoni @daarulhidayah Telegram : Buya Soni Official Website : www.daarulhidayah.com ========= ❁❁❁❁ ========= 📚 WA Grup Buya Soni ☏ 0853-2335-5549 📰 Diizinkan untuk disebarluaskan