WASIATé BUYA SONI

WASIATé BUYA SONI

يارب صل على الرسول # محمد سر العلا

والانبياء والمرسلين # الغر ختما اولا

يارب نور قلبنا # بنور قرآن جلا

وافتح لنا بدرس او # قرأة ترتلا

وارزق بفهم الانبيا # لنا واي من تلا

ثبت به ايماننا # دنيا واخرٰى كاملا

Wasiaté Buya Soni
Maring kita para Santri
Enjing, sontên, ugi dalu
Ampun supé podo ngaji

Kang mas santri ngagêm sarung,
Lêngên dowo ugi péci
Santri putri ngagêm légging,
Klambi longgar kudung rapi

Adêm ayêm guyub rukun
Kêdah suméh lan nggêmati
Ojo nganti iri hati
Nyêpélékkè lan kêmaki

Maring tiyang sêpah kalih
Ampun wani kudu bêkti
Nyucup tangan ampun lali
Ngagêm irung ampun pipi

Nêtêpi dawuh guruné
Husnudzon lan noto ati
Ajarané ditaati
Larangané diadohi

Ahlussunnah digondéli
Poro habib lan kyai
Mbélo bongso lan agami
Nasionalis NKRI

Aqidah.é Al Asy’ari
Madzhab fiqih Asy Syafi’i
Imam Junaid Al Baghdadi
Al Ghazali guru sufi

Ndonyané disinaoni
Mugi sagêt manfaati
Nyambut damêl kang sêtiti
Sangu dakwah sangu rabi

Ndamêl bungah Kanjêng Nabi
Sholawat ing rino wêngi
Ayo kabéh poro santri
Niat ngilmu ugi ngabdi

Kathah maos Simtudurror
Burdah Diba alBarzanjiy
Mboten udud mboten joget
Mboten campur jaler estri

Lakonono kabéh kui
Mugi angsal ridho Gusti
Agêng alit kakung putri
Mugi mlêbêt ing suwargi

Mugi Allah ngijabahi
Kempal sarêng Buya Soni
Bêjo donya akhiraté
Nopo ingkang dén suwuni

Menuju 100 Hari wafatnya Abuya KH. Soni Parsono

Allâhu yataghossyâhu bi jamî’ir rohmah wal maghfiroh wa yanfa’unâ bihi fid dâroini. Âmîn.

BuyaSoni Media ?️
FB, Youtube : Buya Soni
IG : @buyasoni @daarulhidayah
Telegram : Buya Soni Official
Website : www.daarulhidayah.com

========= ❁❁❁❁ =========
? WA Grup Buya Soni
☏ 0853-2335-5549
? Diizinkan untuk disebarluaskan